Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Basa Jawa. Tampilkan semua postingan

Jumat, 06 Agustus 2021

Teks Narasi dan Deskripsi Semester 1

TEKS NARASI ( CRITA)

Yaiku teks wacan kang nyritakake kedadean kanthi runtut utawa kronologis. (runtut wektu)


Struktur teks narasi : 

1. Alur 

    Yaiku urutan kedadean

2. Paraga lan watake / penokohan

    Yaiku wong kang ngalami kedadean

3. Latar

    Yaiku katrangan wektu , papan, lan swasanane


Tuladha teks narasi

    Jam enem esuk aku wis dandan mlipis. Seragam abang putih, dhasi lan topi wis takanggo. Dina iki aku arep melu lomba ing stadion.

    Jam setengah wolu, rombongan wis tekan ing stadion, Ing kono wis rame, amarga para peserta lomba dolanan tradhisional sing wis padha teka. 

Idhentifikasi Struktur teks ing dhuwur

1. Alur : a. Jam enem esuk aku wis siap

              b. Jam setengah wolu aku teka stadion

2. Watak Paraga : Aku : Disiplin, Semangat

3. Latar : a. Panggon : Omah lan Stadion

               b. Wektu : Jam enem lan jam setengah wolu

               c. Swasana : Semangat



TEKS DHESKRIPSI (Nggambarake)

Yaiku teks wacan kang nggambarake objek/panggon, kedadean kanthi njlimet /rinci nganti sing maca kaya nyawang dewe.


Struktur teks dheskripsi

1. Idhentifikasi 

    Yaiku Obyek, panggon utawa barang kang digambarake kanthi umum

2. Klasifikasi

    Yaiku nggambarake bagean bagean obyek

3. Dheskripsi bagean

    Yaiku nggambarake bagean bagean kanthi rinci


Tuladha teks dheskripsi

                                                                

 

Idhentifikasi Struktur teks ing dhuwur 

1. Idhentifikasi : Sawah ing desaku

2. Klasifikasi : a. Galengan

                       b. Tanduran

                       c. Kali

                       d. Banyu

3. Dheskripsi Bagean

    a. Galengan : Klogete kaya ula naga

    b. Tanduran : Ijo royo-royo

    c. Kali : Isih megung tur bening

    d. Banyu : Swarane keprungu kaya iringan musik

Sabtu, 13 Februari 2021

BASA RINENGGA ( BASA JAWA KLS V SEMESTER 2)

 

BASA RINENGGA

 


Basa Rinengga yaiku basa endah / basa sastra kang endah (dipaesi/direngga-rengga)

Ana 4 jinise Basa Rinengga :

1.      Panyandra

Tembung/ukara kanggo ngalembana ( perangan awak,solah bawa utawa kahanan kanthi pepindhan becik,apik)

 

Tuladha :

-          Alise nanggal sepisan

-          Bangkekane nawon kemit

-          Pipine nduren sajuring

-          Rambute ngembang bakung

 

Katrangan : tetembungan ing dhuwur gambarake perangan awak kanthi becik

 

2.      Panyendu

Tembung/ukara kanggo nacad ( perangan awak, solah bawa, kahanan kanthi rasa kurang becik/ala)

 

Tuladha :

-          Tangane cekot

-          Lambene guwing

-          Matane kero

-          Gandane arum jamban

-          Bathuke nonong

-           

3.      Pepindhan

Tetembngan/ukara kanggo madhakake barang kanthi teges kaya/padha

 

Tuladha :

-          Lakune kaya macan luwe

-          Tandhange kaya banteng ketaton

-          Enthenge kaya kapuk

 

4.      Parikan (Pantun)

Tetembungan/ukara kang kadadean saka sampiran lan isi.

 

Tuladha :

-          Santen toya klapa, cekap semanten atur kula

-          Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat

 

 

 

 

 LATIHAN SOAL !

Temtokna sing kalebu Panyandra, Panyendu, Pepindhan lan Parikan!

1.      Godhong waru bolong – bolong , bocah ayu moblong –moblong

2.      Polahe kaya sikatan nyamber walang

3.      Irunge pesek

4.      Lembehane mblarak sempal

5.      Gulune ngelung gadung

6.      Tuku buku nang Pasar Geger, yen sregep sinau mesti pinter

7.      Tekade kaya geni lan urupe

8.      Pundake nraju emas

9.      Drijine bujel

10.  Ayune kaya Dewi Ratih

 

Properti Tari ( SBdP tema 2)

  Properti tari adalah semua peralatan yang digunakan saat menari Fungsi properti tari : Menambah keindahan                                 ...